Sandi Asma
Tembung Sandi Asma iku kabentuk saka 2 tembung yaiku sandi lan asma. Sandi iku tegese ora genah, ora ketara, wadi ( rahasia ). Asma iku tegese jeneng. Dadi tegese sandi asma yaiku asma-asma kang sinandi utawa jeneng/aran kang didhelikake. Ana uga sing ngarani sandi asma yaiku jeneng kang disamarake, jeneng kang ora diketarakake. Sejatine sandi asma iku lumrahe ana ing tembang, yaiku asmane kang ngarang dipisah-pisah wandane. Miturut buku Wewarah Basa Jawa kang katulis dening Y. Suwarno, dkk (1998) disebutake yen sandi asma iku ana pirang-pirang waran yaiku: Dumunung ing saben pada lingsa, ana ing wiwitan utawa ana pedhotan lan ana ing wanda wekasan. Dumunung ing wiwitan tembang, dadi ana kang nganti sepuluh pada lagi rampung. Tuladhane sandi asma kang ana ing tembang “Sinom” : Kang kocap Jeng Srinarendra, Gus ti ti tikaning nagari, Pa tih nge ngeras pandriya, Ran cakan a ngereh budi, Di ning pa ra warga ji, Ti nat...